Jumat, 28 November 2014

Cerita Rakyat



Asal Usulipun Punapa Boten Wonten Kebo Lanang Ing Pekalongan

Kala jaman rumiyin wonten ing dusun Sigeseng wonteen patapa ingkang sakti mandraguna, asmanipun Ki Sadipo. Ki Sadipo kagungan putra namung setunggal ingkang asma Joko Danu. Masyarakat Sigeseng katahipun nyambut damel dados nelayan, sami ugi kaliyan Ki Sadipo lan Joko Danu.
Wonten ing dusun Sigeseng Ki Sadipo dipuntepangi minangka tiyang ingkang linuwih ilmunipun, lan Ki Sadipo ugi prigel menawi damel kapal.pawartos ngenani kapinteranipun Ki Sadipo punika ngantos dumugi Raja Galuh. Lajeng Raja Galuh dawuh supados dipundamelaken kapal ingkang ageng lan sae dateng Ki Sadipo amargi badhe dipunginakaken  kagem  ngubengi laut antawis kabupaten Pemalang Wetan pantai Sigeseng kaliyan garwanipun.
Ki Sadipo bungah sanget pikantuk dawuhan saking Raja Galuh, lajeng Ki Sadipo nyanggupi dawuhan punika, lan enggal-enggal tindak menyang wana kaliyan murid-muridipun madosi kayu  ingkang sae badhe dipundamel kapal pesenanipun Raja Galuh. saksampunipun Ki Sadipo kepanggih wit ingkang ageng lan dipunraos sae lajeng wit punika dipuntebang sareng-sareng kaliyan murid-muridipun. Saksampunipun wit punika dipuntebang, wonten perkawis ingkang dadosaken penggalih inggih punika wit ingkang sampun dipuntebang boten saged dipunangkat. Amargi dinten punika sampun sonten, lajeng Ki Sadipo kaliyan murid-muridipun sami wangsul sareng-sareng, lan kayu punika badhe dipunpundhut benjangipun.
Joko  Danu  punika kagungan ilmu ingkang sakti, sami kados ta bapanipun. Joko Danu kagungan penggalih badhe biantu bapanipun mindahaken kayu ingkang sampun dipuntebang kala wau. Ananging Joko Danu punika kagungan  watak ingkang awon inggih punika remen sesumbar lan pamer kekuatanipun wonten ing ngajengipun tiyang katah. Watak punika ingkang dadosaken bapanipun, Ki Sadipo boten purun dipunkancani nalika badhe nebang wit wonten ing wana punika.
Nalika taksih peteng sakderengipun srengenge munggah, Joko Danu tindak piyambak  wonten wana tanpa dipundawuhi bapanipun. Saksampunipun dumugi wana punika  Joko Danu sumerep kayu ingkang sampun dipuntebang bapanipun kala wingi, lajeng Joko Danu punika migunakaken kekuatanipun badhe mindahaken kayu  punika dumugi panggenan pandamelan kapal punika. Joko Danu punika rumaos bangga amargi wonten mriku kathah warga  ingkang sumerep kekuatanipun Joko Danu.
Ki Sadipo midhanget pawartos menawi Joko Danu sampun mindahaken kayu punika saking wana, lan Ki Sadipo ugi midhanget sesumbaripun putranipun wonten ing ngajengipun para warga saengga dadosaken Ki Sadipo murka lan ngucap sumpah menawi kekuatanipun Joko Danu punika kados ta kebo lanang kemawon. Lajeng sanalika punika Joko Danu malih dados kebo lanang werni cemeng, lan Ki Sadipo ngendika menawi kebo Danu punika bakal dados kebo siluman ingkang manguwasani daerah Sigeseng ngantos pesisir wetan.
Wiwit prastawa punika masyarakat Sigeseng  lan sekitaripun boten wonten ingkang gadah kebo lanang, nanging masyarakatipun boten gumun menawi wonten kebo ingkang ngandut amargi sampun ngertos punika ulahipun lan lakunipun kebo Danu.