Bendungan Kletak
Miturut
masyarakat dusun Wonopringgo papan panggenan punika angker sanget. Amarga saben
taun asring wonten korban. Dipuncariyosaken kala jaman rumiyin nalika bendungan
punika dipundamel para tiyang inggang nyambut damel wonten punika kahananipun
sami sare sedanten. Nanging nalika wungu
sami kesel-kesel sedanten.
Nama
bendungan punika dipunpundhut saking salah satunggaling bangunan pesantren
Kletak, ingkang kala rumiyin wonten ing papan panggenan punika. Miturut cariyos
masyarakat sekitar para muridipun sami ical setunggal baka setunggal ngantos
muridipun boten wonten sedanten. Tembung kletak punika tegesipun gigit menawi wonten
ing bahasa Indonesia.
Bendungan
punika penunggunipun inggih punika kados ta wewe gombel, kuntilanak, gondoruwo
lan lelembut-lelembut sanesipun. Lan nalika sampun dalu papan panggenan punika dumadi
kados pasar malem.
Nanging
legendanipun masyarakat wonten ing dusun
punika asring ketingal tiyang estri ingkang parasipun ayu sanget
migunakaken kaca mripat lan asring madosi tiyang jaler supados dipundadosaken
pacar. Wonten malih panguasa bendungan punika ingkang wujudipun ageng sanget
gadah rambut saking kawat saengga dipunwastani Wiyonggo.
Tumbalipun asring saking dusun sanes,
tiyang ingkang dados korban saderengipun bakal ical kasadaranipun kados ta
tiyang linglung. Mliginipun sampun jarang tiyang ingkang dolanan wonten ing
bendungan Kletak punika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar