Minggu, 11 Januari 2015

Cerkak



Tutik Si Induk
(Hala Nur Soliha)

Sore kuwi udan ora mandeg anggone gabyur dusun Kedung. Hawane atis nusuk balung. Ana bocah wadon lemu ginuk-ginuk umure watara pitung  taunan isih nunggoni adhi-adine sing cacahe ana papat sinambi ngipasi adhine sing paling cilik. Adhine sing mbarep umure rong taun sak ngisore yaiku limang taun, adhine maneh telung taun lan kang ragil umure rong taun.
Bocah wadon kuwi jenenge Tutik, dheweke dek cilik wis ditinnggal biyunge lunga golek dhuwit marang jaba kutha. Ramane nyambut gawe dadi supir truk, anggone nyupir uga nganti jaba kutha dadi arang banget anggone ramane manggon ana ing omah. Tutik anak nomer loro duwe kakang  jenenge Asir umure rong taun luwih tuwo saka umure.  Tutik anak wadon siji-sijine, adhi-adhine lanang kabeh, dek cilik wis dipasrahi kon ngopeni adhi-adhine mau.
Omah welit kang jubine mung saka lemah, dipanggoni mbah Siros lan putu-putune kang cacahe nenem. Mbah Siros es  celukane merga wis terkenal dadi bakul es lan tukang gaweni es. Mbah Siros gaweyane dodol es ana ing sekolah-sekolah dasar ing dusun Kedung. Ana ing sekolah-sekolah dasar dodolane mbah Siros laris manis akeh bocah-bocah SD padha ngees ana kunu. Mergane es gaweane mbah Siroh dipercayani ora nganggo bahan-bahan kimia lan rasane uga beda karo es gawean bakul liyane.
Saben isuk mbah Siros wis kulak es batu ana ing tanggane sing dadi langganane mbah Siros, banjur nyiapake dodolane sing arep digawa dodol. Tutik isuk-isuk uga wis ngliwet karo nggodog banyu lan mbantu masak simbahe wadon, mbah Tarwen bojone mbah Siros ana ing pawon mburi omah.
Isuk jam setengah pitu Tutik mangkat sekolah karo kakange Asir, mlaku liwat pinggiran sawah sing nembe bae tandur. Banjur sak bubare sekolah Tutik dajak kanca-kancane dolanan ing lapangan cedak sawah, kancane padha gawa dolanan werna-werni, uga ana sing ngajak playon ngubengi lapangan. Ana  ing lapangan kunu padha dolanan nganti sore.
Nalika srengenge ngliwang mangulon Tutik nembe tekan omah, banjur simbahe lanang nakoni.
“Yah  mene nembe bali kuwi, dolanane tekan ngendi bae nduk, induk?” 
Induk celukane simbah marang putune wadon sing anggone mlaku kaya menthok indak-induk merga awake lemu ginuk-ginuk.
Banjur sing diceluki mangsuli.
”Iya mbah,  dajak kancane dolanan ana ing lapangan.”
“Lha kakangmu ora ko ajak?” pitakone simbahe.
“Mau kang Asir ninggal bali aku mbah, dadi aku ora ketemu kang Asir.”  wangsulane Tutik.
“Ya wis,  ndang adusa wis sore barang, ora apik nek cah wadon ados kesoren.”
Tutik gage manut apa sing domongke simbahhe lanang.
Remeng-remenge lampu ceplik ngancani sinaune Tutik karo kakange Asir. Tutik nuding-nuding tulisan sing ana ing bukune sinambi apalan, menawa kakange namung maca buku sing dicekeli. Mbah Siros njejeri putu-putune sing lagi segep sinau kuwi senajan  simbah ora ngerti apa sing lagi disinauni putu-putune. Ora nganti dalu anggone padha sinau, watara jam wolu punjul buku-bukune wis diringkesi ana ing tase dhewe-dhewe. Adhi-adhine wis padha mapan turu kabeh dikancani mbah Tarwen ing sandinge.
Kaya biyasane isuk-isuk Tutik  wes tangi barengan karo kluruke ayam jago ing jaba omah, banjur gage mbantu simbahe ana ing pawon. Simbahe lanang uga wis tangi iseh nyapuni latar ngarep omah sing kebak godhong garing dikancani putune lanang sing mbarep dhewe. Adhi-adhine iseh padha turon ana ing jero kamar.
Sega karo ongsengan godhong tela wis mateng kabeh, banjur simbah  lan putu-putune padha sarapan bareng-bareng. Simbah wadone ndulang putune sing ragil. Kaya biyasane bubar sarapan Tutik lan kakange mangkat sekolah bareng. Dheweke nembe pisah banjur wis tekan sekolahan merga beda kelas karo kakange.
Kentongan kayu diunikake tandha bubare  jam pelajaran. Asir ngadek ana ing sandhinge wit jambu ngenteni adhine metu saka kelas. Kakange ora wani  ninggal adhine wadon merga dina wingi dheweke wis ninggal adhine banjur diseneni marang simbahe. Ora let suwi Tutik metu saka kelase bareng karo kanca-kancane.Tutik ngampiri kakange banjur ngomong menawa dheweke arep dolan karo kancane.
“Kang, aku arep dolan karo kanca-kancaku ya, kang Asir bali ndisik bae”
Kakange blaka, ora takon maneh karo Tutik arep dolan marang endi.  Malah langsung ngluyur mlaku.
Tekan omah Asir ditakoni simbahe wadon.
“Le,  adhimu ko tinggal maneh ya?”
“Ora mbah.” Wangsulane Asir.
“Lha terus adhimu nyang endi?”
Asir meneng bae anggone ditakoki banjur  dheweke  gedeg-gedeg sirah, tandhane ora  ngerti  ana ngendi anggone adhine dolan.
Simbahe mung ngelus dada, karo greneng-greneng dhewe sinambi nglempiti gombalan.
Bedug Ashar wis ditabuh, nanging Tutik durung bae tekan omah.  Simbahe wadon ketar-ketir karo mloka-mlaku ing jero omah, putune  mung padha nyawang lakune simbahe kuwi. Banjur mbah Tarwen krungu swarane wong lanang tuwa uluk salam. Swarane simbah lanang sing nembe bae bali dodolan.
Anggone dolanan karo kanca-kancane tekan kali Waring sing ana ing kulone dusun Kedung. Sak banjure dolanan awake krasa reged banget lan weruh kali dadi kepengin adus-adusan.
“ayooo padha adus kene wae, mesti segere...” celatune Asep, kanca sekolahe Tutik sing awake ireng dhewe.
Ora suwi anggone omongan Tutik lan kanca-kancane wis padha ambyur kabeh ing kali kuwi. Dumadakan bae kaline dadi gedhe, banjur Tuti sak kancane bocah telu padha keli kabeh, pating jlerit anggone jaluk tulong. Untunge ora adoh saka kali kuwi akeh wong-wong sing padha mancing iwak ana ing pinggire kali. Banjur padha tumandang ambyur nulungi bocah-bacah sing keli mau.
Ndilalah  bocah papat  mau padha slamet  kabeh merga ditulungi wong mancing iwak sing ana ning kali kunu, ora liya sak dusune dhewe. Tutik sak kencane anggone nangis nganti kamisesegen. Banjur padha diterake ana ing omahe dhewe-dhewe.
“Assalamu’alaikum...” swara saka jaba omahe mbah Siros.
“Wa’alaikumsalam....” wangsulane Mbah Siros.
Mbah Siros kaget weroh putu wadone  nangis sesegen karo mlayu mlebu omah, banjur nakoni marang Kang Narto sing nembe uluk salam.
“Loh....looh... kenapa ta kok Tutik nganti  nangis sesegen, awakke uga teles kebes?”
“Ngoten mbah, kala wau Tutik sak kancane sami adus-adusan wonten lepen, lajeng dumadakan mawon banyune dados deres mbah, lan bocah-bacah wau sami keli. Untung wonten kula lan kanca-kanca taksih mancing wonten mrika.”
“Eaalaah... maturnuwun ya Le.... kowe apik temen, aku ora bisa bales apa-apa, mugo-mugo gusti Allah sing bales kabeh tindak tandukmu.” Wangsulane mbah Siros karo mrebes mili eluhe.
“Inggih mbah, aamiin..  kula ikhlas mbah, untung bae Tutik boten kenapa-kenapa mbah. Nggih sampun mbah kula pamit  wangsul riyin.”
Wong lanang dhuwur kuwi banjur mlaku  ngadohi omah welite mbah Siros.
            Ana jero omah Tutik wis ditangisi simbah wadone, karo disalini klambi garing. Disikep-sikep bae marang simbah lorone karo ngucap syukur marang gusti Allah, putune wis diparingi  slamet tekan omah ora kurang apa-apa. Banjur Tutik dikandhani menawa arep dolan kudu pamit ndisik lan ora oleh dolanan marang kali maneh nalika mangsa rendeng mergane kaline mesti gedhe.
            Tutik mung bisa manthuk-manthuk karo  nangis ing pangkone simbahe wadon. Lan jalok ngapura marang simbah lorone merga wis dolan ora pamit, banjur dheweke janji menawa dolan arep pamit ndisik.















***

Analisis Cerkak

1.      Nomina
a.      Nomina de Verbal
Bentuk
Makna
 Contoh Kalimat
L-ane
Milik
Dodolane mbah Siros
L-an
Hasil
es gawean bakul liyane
Nuding-nuding tulisan
L-an
objek
Padha gawa dolanan

2.      Verba
a.      Verba de Nominal
Bentuk
Contoh Kalimat
N-L
Sinambi ngipasi adhine
Anggone nyupir uga nganti
Bocah-bocah SD padha ngees
Padha mapan turu
Padha mancing iwak
di-L-i
Dipanggoni mbah Siros
Dikancani mbah Tarwen
N-L-i
Ngancani sinaune Tutik
Nyapuni latar  ngarep omah
N-DL
Tutik nuding-nuding tulisan

b.      Verba de Adverbial
Bentuk
Contoh Kalimat
N-L
kon ngopeni adhi-adhine
N-L-i
playon ngubengi lapangan
njejeri putu-putune
banjur mlaku  ngadohi omah
L-an
sinambi apalan
di-L-i
Buku-bukune wis diringkesi
di-L-ake
Kentongan kayu diunikake

3.      Adverbia
a.      Adverbia de Verbal
Bentuk
Makna
Contoh Kalimat
DL salin swara
Dengan secara
ketar ketir karo mloka-mlaku
DL-an
dengan secara
Dadi kepengin adus-adusan
DL
dengan secara
Tutik mung bisa manthuk-manthuk

b.      Adverbia de Adjektival
Bentuk
Makna
Contoh Kalimat
di-L-i
menyebabkan
Dek cilik wis dipasrahi
DL-e
bersifat
Remeng-remenge lampu ceplik


Tidak ada komentar:

Posting Komentar