Pranatacara
Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang
nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat
temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas (show)
lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi
pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan lan
panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten
kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara
kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa
pametaking layon.
Anggenipun dados pranata adicara
kedah nggatosaken punapa ingkang wonten ing tata cara pranata adicara. Pranata
adicara kedah nggatosaken punapa ingkan dipunwastani 4W, kang isinupun :
Wiraga, Wicara, Wirasa, Wirama.
Pranata cara kabagi pirang-pirang
penganggone yaiku :
- Pranata cara pahargyan manten
- Pranata cara acara supitan
- Pranata cara acara qeqahan
- Pranata cara kesripahan
Sarat Pranatacara
Jejibahaning pranatacara limrahipun
inggih prasaja, inggih menika ngaturaken acara setunggal baka setunggal ing
acara menapa kemawon. Acara sepisan menika, dhumateng Bapak... sumangga. Lajeng
ngaso. Acara kaping kalih menika... dhumateng Ibu... sumangga. Lajeng ngaso. Makaten salajengipun namung ngaturaken
acara setunggal baka setunggal. Nalika para tamu ngunjuk pranatacara inggih
ngemum, nalika para tamu dhahar, pranatacara inggih dherek nedha. Ingkang baku
acara sampun saged lumampah. Beda kaliyan pranata adicara, kajawi nindakaken
ingkang kados katindakaken pranatacara, pranata
adicara saged ngisi acara damel regeng ngregenging
swasana. Upaminipun nalika para tamu nembe ngunjuk, pranata adicara nyandra para tamu, nyandra sasana pawiwahan, nyandra tarub.
nalika para tamu nembe dhahar, pranata adicara nyandra temanten. Gampilipun
pranata adicara saged akarya regenging swasana, boten sepa,sepi,samun. Pranata
adicara boten badhe katelasan wicara sarta perkawis ingkang kawedhar
(materi/bahan) kangge ngisi swasana. Sanajan kedah 2-3 jam micara. Kajawi
menika pranata adicara saged ngolah acara menapa kemawon, tanggap ing sasmita
saha swasana, satemah saged damel putusaning adicara kanthi laras tur leres.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar