Minggu, 11 Januari 2015

Resensi Buku



RESENSI NOVEL

1.      Identitas Novel
Judul Buku       : Mendhung
Penulis             : Yes Ismie Suryaatmadja
Penerbit           : Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro
Tahun Terbit     : 2014
Tebal               : 104 halaman
ISBN               : 978-602-777-790-3

2.      Sinopsis
Novel ingkang irah-irahan Mendhung menika nyariosaken panguripan wonten ing padesan. Ingkan dados lakonipun inggih menika  Jasmin, ingkang jejeripun dados Carik wonten ing desa menika. Carik Jasmin menika sampun kagungan garwa namanipun Warsinah lan sampun kagungan putra kalih. Ingkang bajeng namanipun Nartini lan ragilipun namanipun Pur.
Ananging dipuncariyosaken menawi rumah tangganipun boten harmonis. Amargi kekalihipun sami nggugu nafsunipun piyanbak-piyambak. Saengga putra kekalihipun boten kopenan.
Warsinah ingkang jejeripun taksih garwanipun Carik Jasmin selingkuh kaliyan Yoto ingkang dados mandhor Perhutani. Saben dinten Warsinah boten nate ing dalemipun amargi lelungan kaliyan Mandhor Yoto, piyambakipun wonten dalemipun namung badhe sare kemawon. Ugi Carik Jasmin sami kados ta garwanipun ingkang boten nate wonten dalem amargi murugi  selingkuhanipun ingkang nama Rani, randha ingkang dipuntilar pati garwanipun lan kagungan putra jaler setunggal ingkang nama Sagi.
Dalemipun Carik Jasmin menika boten kopenan sanget, ngantos putra-putranipun boten betah. Biyungipun boten nate nyawisaken panganan kagem putra-putranipun. Prabotan wonten ing dalemipun ugi sami pating slarah boten tumata. Saengga putra-putranipun asring manggen wonten ing dalemipun simbahipun.
Ningali kahanan menika Carik Jasmin menggalih menawi rumah tangganipun boten saged dipunbenahi malih. Lajeng Carik Jasmin lan Warsinah sarujuk menawi Warsinah dipunpegat dening Carik Jasmin. Ananging saksampunipun Warsinah pegatan kaliyan Carik Jasmin piyambakipun taksih  manggen wonten ing dalem menika saengga dodosaken kembang lambe wonten ing tangga sisih kiwa lan tengenipun.
Saksampunipun Carik Jasmin pegatan kaliyan Warsinah, sesambungan antawis Carik Jasmin lan Rani boten lancar kados ingkang dipunpenggalih kekalihipun ingkang kepenging dipunresmikaken sesambunganipun. Amargi bapanipun ingkang nama Pak Kasan  boten sarujuk kaliyan sesambungan kekalihipun, ugi biyungipun  Bu  Tayem sami boten sarujuk. Pak Kasan menika  sarujuk menawi Carik Jasmin menika nyelaki Harsini, ingkang jejeripun dados bidan wonten ing dusun menika, supados boten kewirang nalika pegatan kaliyan Warsinah.
Ing sawijining dinten biyungipun Carik Jasmin sowan wonten ing dalemipun Carik Jasmin, nalika semanten Carik Jasmin taksih medal,  saengga wonten dalemipun namung wonten Warsinah kemawon  wekdal semanten Narti lan Pur ugi taksih liburan wonten ing dalemipun budhenipun. Batosipun Bu Tayem menika wekdal ingkang pas kagem ngendikani Warsinah supados enggal-enggal pindah wonten dalemipun Carik Jasmin amargi sanes garwanipun malih. Boten dipunnyana dhateng bu Tayem, Rani rawuh wonten mriku lajeng Bu Tayem ugi saged  ngendikani  Rani wekdal menika ngenani sesambunganipun kaliyan Carik Jasmin ingkang boten dipunsarujuki. Warsinah ingkang midhanget ngendikanipun Bu Tayem lajeng ngluyur kemawon nilaraken tiyang kekalih menika tanpa pamit. Lajeng Bu Tayem ugi ngendika kaliyan Rani menawi boten sarujuk kaliyan sesambunganipun Rani kaliyan Carik Jasmin. Rani namung saged nangis sesegen nampi punapa ingkang dipunmidhanget, lajeng saksampunipun pamit wangsul.
Sesambungan antawis Warsinah kaliyan Mandhor Yoto taksih gumantung awit Warsinah ngimpi namung dipundadosaken kados ta manuk ing kurungan kemawwon kaliyan Mandhor Yoto, saengga Warsinah ajrih menawi impen menika dados nyata.
Kawit kadadosan wonten ing dalemipun Carik  Jasmin menika Rani kaliyan Carik Jasmin san saya tebih, menika dadosaken pasuryanipun Carik Jasmin tansah mendhung amargi tresnanipun sampun ngoyod kaliyan Rani ananging boten saged tumindak punapa-punapa kawit boten dipun sarujuki bapa lan biyungipun.

3.      Unsur Intrinsik Novel
a.       Tema                 : Tresna kang ora  tekan / cinta yang tidak sampai.
b.      Latar Belakang : di sendang, rumah Rani, rumah Carik Jasmin, pinggiran sawah, rumah budhe, rumah simbah lanang, terminal Padangan, warung es, rumah Bidan Harsini, kebon dondong, rumah Pak Kasan.
c.       Waktu             : sore hari, pagi hari, siang hari dan malam hari.
d.      Suasana           : sunyi, sepi, ramai,  hening, menengangkan.
e.       Alur                  : Dalam novel yang berjudul Mendhung  karya Yes Ismie Suryaatmadja tersebut menggunakan alur maju. Karena dalam novel tersebut diceritakan dari awal mula timbulnya konflik antara Carik Jasmin dan istrinya Warsinah sampai padha akhirnya bercerai dan diakhiri dengan ketidak setujuan bapak dan ibu Carik Jasmin terhadap hubungannya dengan seorang janda beranak satu yang bernama Rani.
f.       Amanat :
·         Patuh dan hormat kepada orang tua
·         Saling menghormati dan menghargai sesama manusia
·         Menjadi seorang istri yang patuh pada suami
·         Menjadi wanita yang lemah lembut dan tidak berperangai kasar
·         Menjadi orang yang mudah bergaul dan ramah serta memikliki sopan santun
·         Menjaga dan mengendalikan diri dari nafsu dan hal-hal yang bersifat negatif
g.      Penokohan :
1)      Carik Jasmin :  ramah, patuh kepada orang tua,memiliki sopan santun, humoris.
2)      Warsinah : kasar, malas, tidak bertanggung jawab.
3)      Rani : sabar, penurut, penyayang.
4)      Simbah : sabar, berwibawa, bijaksana.
5)      Pak Kasan : tergesa-gesa, mudah emosi, keras.
6)      Bu Tayem : criwis, galak, keras
7)      Nartini : penurut, sopan
8)      Mandhor Yoto : kasar, tidak bertanggung jawab.
9)      Sagi : penurut.
h.      Sudut Pandang : Dalam novel Mendhung karya Yes Ismie Suryaatmadja menggunakan sudut pandang orang ketiga sebagai pelaku utama  karena pengarang masuk kedalam cerita tersebut dengan menggunakan tokoh Carik Jasmin.

4.      Kelebihan Novel
Novel ingkang irah-irahan Mendhung menika anggadahi kalangkungan inggih menika ngambaraken kahanan wonten ing padesan ingkang sarwa alami lan tradhisional sanget. Saengga dadosaken pamaos menika katut  bayangaken kahanan menika lan imajinasinipun saged thukul.

5.      Kelemahan Novel
            Novel menika angadahi kekirangan inggih menika, nalika wonten ing caturanipun ginakaken dialeg ingkang  kirang dipunmangertosi lan ing dialeg menika dipunsingkat-singkat seratanipun, saengga pamaos menika  kirang paham maksudipun punapa.

6.      Saran terhadap buku dan manfaat isi buku
Miturut analisis resensi novel ingkang irah-irahan Mendhung menika wonten kekiranganipun ingkang sampun kaserat wonten ing Kelemahan Novel, saengga saranipun menawi  ginakaken dialeg menika seratanipun ampun dipunsingkat-singkat amargi kawit dialogipun dereng saged dipunmangertosi maknanipun lajeng wonten ing dialeg menika dipunsingkati dadosaken ingkang maos novel menika langkung bingung.
            Wonten ing novel menika ugi anggadahi manfaat, amargi ing dalem novel Mendhung menika bobot amanat ingkang katah ngenani pitutur ingkang becik, supados dados tiyang ingkang sae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar