SESORAH
Sesorah utawa pidhato utawa
tanggap wacana yakuwi njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud
tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana
utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi
informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang
dikarepaké pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga werna- werna,
yakuwi: kaanan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalané. Kepriyé carané pidhato
kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné. Wektu Pidhato pemicara iku
digatekaké déning kabéh kang rungokaké. Kabéh kang ana ing pemicara saka
klambi, rambuté, tekan carané mlaku ing
podium digatekaké déning pamirengé. Kepriyé carané ngadeg uga ora luput saka
pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi
bahan panacad déning para pemireng. Panacad iku nyebabaké pidatoné ora kasil
kanthi apik.
1. Carané Nganggo Klambi. Klambiné kudu resik,
rapi, sopan, lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng pidhato iku. Carané nganggo
penganggon utawa klambi kudu bener., umpamane: peciné ora miring, dasiné
anggoné nalekaké wis bener. Jinisé klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé,
yén pemirengé nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yén pemirenge
nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2. Carané Ngadeg ing Podium. Sadurungé diwènéhi wektu déning
wong kang macakaké pranata adicara, beciké pemicara lungguh ana papan kang rada
ndelik. Aja lungguh ana ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwéni
kejut. Anggoné mlaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé.
Sadurungé ngomong, ambegan lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah.
Anggoné ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderaké awak ing podium.
3. Carané Nggocèki Mikrofon. Mikrofon kang ana standaré ora
perlu digocèki bola- bali amarga bisa muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora
ana standaré digocèki kanthi lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya
penyanyi ing panggung. Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.
4. Carané Pidhato. Carané
pidhato iku ana papat, yakuwi: maca naskah, ngapalaké, spontanitas, lan
njlentrehaké utawa njabaraké kerangka pikiran.
Nulis Pidhato
Babagan pidatho wis dipratelakaké
secetha- cethané ing ngarep. Sadurungé gawé naskah utawa teks pidhato, amrih
beciké gawé cengkorongané iku kaya ing ngisor iki.
1. Uluk salam/ salam
pembuka
2. Purwaka basa: atur
pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
3. Surasane basa/ isine
pidhato
4. Ringkesan isi pidhato
5. Salam panutup
Tujuan Pidhato
1. Menehi Hiburan. Pidhato jinis iki
ditindakaké ana ing acara pahargyan. Déné tujuané yakuwi supaya acara iku bisa
sumringah lan meriah. Pemicara mung ngandharaké babagan kang gawé seneng lan
bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket.
2. Menéhi Kawruh. Pidhato
iki isiné ngandharake babagan kang sacetha-cethané, supaya pamireng mangerti.
Pemicara bisa nganggo conto, mbandingaké, nerangaké, lan liya- liyané kang
kabéh mau gunané kanggo njelasaké marang pemirengé.
3. Ajak- ajak. Pemicara
ngandharaké alesan, bukti, lan conto supaya pamirengé gelem nindakaké kaya apa
kang dikarepaké pemicara. Pidhato iki umumé jinis pidhato kampanye arep
pemilhan umum.
Kaanan Pidato
1. Kaanan Resmi. Kanggo
kaanan resmi, lumrahé pamicara maca naskah kang wis disiapaké supaya ora salah
anggoné pidhato lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa
ngandharaké pidhatoné sakarepé dhewe amarga wektune wis diatur.
2. Kaanan Setengah Resmi.
Pemicarané bisa ngandharaké pidathoné rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu
tetep digatekaké.
3. Kaanan Ora Resmi.
Pemicara bisa ngandharaké pidhatoné miturut tujuan utawa pemirengé.
4. Kaanan Liya- liyane.
Sakliyané kaanan kang wis kaandhraké iku, isih ana kaanan kang uga duweni
pengaruh marang cara ngandharake pidhato, yaiku pemirenge lungguh apa ngadeg,
wektune esuk apa awan, anggone pidhato dewe apa karo wong liya. Contone, yen
pemirenge ngadeg pidhatone kanthi singkt bae.
Pendekatan Isi Pidhato
1. Pendekatan
Intelektual. Pendekatan iki digunakake yen pemirenge duwe pendidikan kang
cukup.
2. Pendekatan Moral.
Pendekatan iki digunakake yen pemirenge seneng melu kegiatan moral, apa meneh
moral keagamaan. Pemicara bisa nganggo kutipan ayat kitab suci utawa sumber
liya kang cocok.
3. Pendekatan Emosional.
Pendekatan emosional bisa kagunakake yen pemirenge kurang pendidikan. Pemirenge
kang kaya mangkono gampang anggone nampa isi pidhato lumantar emosine. Mula,
kudu disenggl nganggo semangat, kabutuhane, lingkungane, kasumehane, utawa
liya- liyane kang bisa gawe gampang nampa isi pidhato iku. Pidhato mono bisa
dileksanakake mawa teks, kang diarani metode membaca, bisa cara ngappalake
teks, bisa sakcar ekstemporan yaiku ngapalake bagean kang pokok banjur
ngembangake pangandikan nalika nglaksanakake pidhato. Ana uga cara impromtu,
yaiku manawa pidhato sakcara ndadak utawa spontan, dadi ora ana persiapan.
Saiki kang durung tampa giliran ngrungakake temenan. Gelem niteni lan
migatekake basa kang becik. Dadi besuk tekan titi wancine diparingi giliran
maju, pidhatomu:
a)
Isine bisa nalar.
b)
Pamilihing tembung trep, ukara
cetha, basane sreg, luwes, bener, becik.
c)
Anggone medhar runtut sarta
gembleng, yen perlu wedharanmu metu kamoncerane utawa variasine.
d)
Lagak lageyan, obah owahing
pasemon, tandang grayang, obahing peranganing badan liyane sarwa pantes,
mrabawani, lan mranani.
e)
Aja lali: kedaling lesan kang
mapan, pangucaping tetembungan kang bener, lagune wicara kang nemsemake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar