Selasa, 30 Desember 2014

Geguritan


Geguritan
Pengin dadi apa?


Kowe bingung milih dalan
Sing tumuju maring kadiwasan
Kenang apa kowe lali kkaro gusti
Sing nemtokake urip lan mati
Kenang apa kowe ora eling
Rama ibu nggone weling
Kowe milih dalan pintas
Rumangsamu mesthi bisa bablas
Tumeka ing tujuanmu
Kowe lali, ngger, sekolahmu
Panggonan samubranang ilmu
Kanggo sangu urip ing tembe mburimu
Kenang apa kudu kumudu
Mbantah marang rama ibu
Eling, ngger putuku
Sangan wulan dikandhut ibumu
Lara lapa dilakoni
Mung pengin kowe slamet lair
Toh nyawa, ngger, ibumu
Kenang apa ora maelu
Ibumu adhimu ora dibedakake
Kena apa kowe lali sekolahmu
Kang dadi apa tujuanmu urip ing dunya?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar