Geguritan
Anglocito
Sunaring netramu...
Oh,...kuwawa nembus
dhadhaku
Endahing esemu kang
pait madu
Wancine ing candhik ayu
Asung sasmita ing driya
Rarah, ririh, ruruh,
nediya marsapa
Dadiya mitra kangg
sanyata
Iba bungah, lila lan
legawa
Batin
iki jumbuh ing rasamu
Andelidir
nawala kang satraju
Rasa...bagiya
minulya satuhu
Ombaking
asmara nyempyok ing kalbu
Tandha
manunggaling rasa sayekti
Ora
geseh karo kang wus kamuri
Mahas ing asepi
Anthuk wisiking hyang
widdi
Rembulane weh pepadhang
Tranggana tah winilang
Apa kudu den
sandhang...?
Nora ana pepalang
Apa mung trima
nyawang...?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar