Senin, 08 Desember 2014

Sinopsis Novel Jawa



NGULANDARA

OTO MOGOK
Ana bapak, ibu, lan putrine Tien kang nembe olih musibah. Oto utawi mobile ingkang dipun tumpangi mogok ana ing tengah-tengah bulak, ngandhaping Dusun Kledhung.
Sasuwene nunggu, ana oto kang mandheg, sopir lan kernete banjur mudhun. Otone bapak wau lajeng dipun tingali lan diowahi, ngantos saged mlampah malih.
Sesa,punipun oto katingal sae, tiyang wau lajeng pamit. Karepe bapak wae badhe dipun cawisi arta, nanging tiyang wau boten purun.

MEKSA BATAL
Otone tiyang ingkang sampun nulungi wau karepe badhe diendeg ana ing Parakan. Arep diwenehi upah malih.
Dumugi pratigan ingkang dateng Waleri oto Buick wau banjur bablas. Raden Ajeng Tien sumerep Buick wau.
Buick wau enggal ditututi nanging ora ketututan. Kapekso boten sios menehi upah.

NYONYAH OEI WAT HIEN
Dinten minggu, wetawis jam wolu enjing Nyonyah Hien sowan dhateng griyanipun Den Bei Asisten Wedana. Badhe rembugan tetukon krabu dening Nyah Hien marang Den Besi Asisten Wedana.
Sasuwene nyangnyangan pungkasane kecekel kawan tengah. Salajeng kuwi Nyah Tien nawakake otone supaya disade dening Raden Bei Asisten Wedana. Jebul supire Nyah Hien kui Rapingan, yaiku priyayi kang sampun nulungi Den Bei kala otone mogok wonten bulak.
Cekakipun, mangkeh yen otone Nyah Hien sampun kesade Rapingun lajeng dipun gentosi supaya dados supire Den Bei.

SAMPUN KRAOS
Let sewulan saking rawuhe Nyah Hien Rapingun sampun wonten dalempiun Den Bei, dados Sopiripun. Awit saking teka pisanan pasemone tansah katon padhang lan bungah. Mratandani yen Rapingun kui betah.
Sanajn dipun wenehi upah kathah, nanging amung dipun tampi sekedik, sisone dititipne marang Raden Ayu Asisten Wedana. Kalihan yen dipun paringi binus awit sampun purun ngeteraken, nggih boetn ditampi.
Setunggaling dino, rapingun deleng jaran ana ing gedhogan. Ananging Rapingun ora diolehi karo Den Bei nyedak i Hel kui, mergp miturut Den Bei, jaran kui mau edan. Sampun kathah kusir kang nybi nanging malah dados cilaka.
Rapingun boten lajeng kendel. Nanging Rapingun pingin nyobi nyedak i jaran kui, kanthi diabhani tembung sing alus-alus.

NGAJARI KAPAL
Dinten ngahad pendhakipun, Den Bei kalihan ingkang putri sami tindhakan. Sanjangipun Saliyem yen Den Ayu tindhakakan iku bisa sedina suwene.
Wektu kui kaginakake Rapingun kanggo nyobi ngajari jaran wau.
Pisanan jaran wau diwenehi gedhang, dielus-elus, lan ditembungi ingkang alus. Sakjane Rapingun kepengin ngajak Kerta melu ngajari jaran kui, nanging kerta wedi.
Pira suwene Hel diupn owahi lan diajari dening Rapingun, Hel mau bisa dadi manut lan kendel kemawon marang Rapingun. Rapingun enggal bungah.
PEKEN MALEM ING MAGELANG
Dinten sebtu jam gangsal, Raden Ajeng Tien badhe tindak dateng Magelang, mesthinipun kalihan ingkan ibu, nanging ngendikane Rapingun Raden Ayu Asistwn Wedana boten sios budhal amargi radi puyeng. Sanajan sampun ketiwas nlayangi dening Bu Mantri Gudhang, mergo niku kapeksa Raden Ajeng Tien mlampah naming kalihan Rapingun.
Sarawuhe Raden Ajeng Tien kalihan Rapingun wonten ing griya Bu Mantri Gudhang, oto nipun lajeng diparkir wonten ing pelataran. Raden Ajeng Tien didhawui mlebet, Rapingun mlebet saking nginggiring griya, saweg lenggah wonten nginggiring pawon kados adat biasanipun. Rapingun lajeng dipun peksa dening Bu Mantri Gudhang mlebet dateng ruang tamu.
Sami lelenggahan Bu Mantri Gudhang ngendika, menawi Rapingun badhe dipun angkat putra kalihan Dhimas Seten sekaliyan. Nanging Rapingun boten purun, amargi ngraosipun Rapingun naming sopir. Rapingun ngraos boten pantes.
Sakwtawis ana ing griya, Bu Mantri Gudahang, Pak Gedhe, Rapingun lan Raden Ajeng Tien budhal ing peken malem. Dangu lampahipun Den Bei Mantri ngajak kendel, amargi kraos sayah, sadaya sami kendel. Sesampunipun kendel sedaya sami mlebet dhateng bangsal ringgit tiyang, linggihipun klas setunggal. Badhe wonten losen dipunraos kirang sekeca awit kemeloken.

MANAHIPUN KAGOL
Dalu punika ringgit ingkang lampahanipun: Resi Brongsong,inggih punika murcanipun Raden Janaka. Wonten ing lose ngriku ketingal wonten kalih jejaka ingkang angulat-ulati Raden Ajeng Tien. Rapingun inggih ngertosi jejaka wau sata dangu saya ketingal ngulati Raden Ajeng Tien lan Rapingun.
Raden Ajeng Tien kraos boten sae, pangulatanipun pucet, lan tatraban. Den Tien banjur nywun medal. Sedaya sami medal, jejaka kalih wau inggih sami medal, nanging milih papan ingkang peteng, saya cetha panyawanganipun. Lajeng Raden Ajeng Tien nywun pingah wonten ing restoran, jejaka kalih wau nututi mlebet restoran. Boten dangu wonten ing jawi restoran wonten reributan, wonten tiyang ingkang dipun adili mergo njupuk barang e tiyang sanes.
Kaget kalihan kedadean wau, Raden Ajeng Tien saya pucet, lajeng ngaten sedaya sampun wangsul. Sadumuginipun griya, Raden Ajeng Tien lan Rapingun pamit, badhe lajeng wangsul.

NJAGI WILUJENGING BENDARA
Wonten ing Secang, wonten pit monyor ingkang nglakson, pangraose Raden Ajeng namung badhe nyuwun lampah. Rapingun didhawui ngrindhikaken otone. Rapingun gumun sanget dhene kang nitih pit motor niku, jejaka kaling ingkang wonten peken malem wau.
Raden Ajeng Tien sumerep, manahipun geter sanget. Boten dangu sedumugi ing bulak, motor wau kendel ing ngajeng oto. Jejaka wau yaiku Hardjana, kala semanten nalika Raden Ajeng taseh wonten Ngayogya, Hardjana anduweni karesnan marang Raden Ajeng Tien, nanging boten kewales. Wonten ing dalu punika Hardjana badhe wales dendam marang Raden Ajeng Tien.
Hardjana badhe nyilakani Raden Ajeng Tien, nanging dipun lawan dening Rapingun. Pit motor jejaka kalih wau dipun rusak, jejaka kalih wau sami padha cilaka awit saking perlawananipun Rapingun. Lajeng Rapingun mbanterake otone, jejaka kalih wau kentun wonteng ing tengah-tengah bulak. Boten saged wangsul amargi motoripun sampun risak.
Dumugi ing pinggiripun kitha Temanggung, oto wau mandheg greg, Rapingun sumaput. Tanganipun Rapingun ingkang dipun gebag dening Hardjana dipujeti kalihan Raden Ajeng Tien, dangunipun Rapingun lajeng enget. Tanganipun rapingun diblebed ngangge stegenipun Raden Ajeng Tien.

NGREKSA NAMANING BENDARA
Raden Ajeng Tien wonten ing lumampahan taksih katingal sedhih. Raden Ajeng kuatos dalah mangkeh anggenipun matur marang bapak kalihan ibune, bab napa ingkang nyebabaken tanganipun Rapingun cilaka. Nanging Rapingun saged ngayem-eyem Raden Ajeng.
Salaminipun dumugi griya, Raden Bei Asisten Wedana sekaliyan dereng sami sare. Raden Ajeng lajeng sanjang marang bapak, dalah Rapingun sumaput amargi tangan tengene kenging slinger. Den Bei sekaliyan kaget, lajeng nsusul wonten petilemane Rapingun.
Wonten patilemane Rapingun dipun caosi anggur supados anget badhanipun. Lan dipun dhawuhi tilem wonten ing kasur. Rapingun ngraos lemesing manah amargi saking kawratennampeni sih panjenengan ingkang ageng.

WONTEN ING GRIYA SAKIT
Sampun seminggu Rapingun wonten ing griya sakit. Saben dinten mawi jam tiga utawi sekwan Raden Ajeng Tien tuwi wonten griya sakit, perlu anyekapi napa kabetahaniupun Rapingun.
Ing satunggiling dinten Masehi pamulangane Raden Ajeng Tien ditutup. Tabuh sangan Raden Ajeng sampun wonten griya sakit, nanging boten lajeng mlebet kamaripun Rapingun, amargi Raden Ajeng mireng Rapingun nembang Dhndhanggula. Raden Ajeng Tien kendel wonten ing koronipun kamar.
Dangunipun Raden Ajeng Tien mlebet, sanajang, menawi mangkeh Rapingun sampun waras, badhe dipun ajak kaulan dumateng sala. Nanging Rapingun boten kersa, Rapingun kepengin wonten semarang kemawon.
Tujuawanipun Den Bei sekaliyan budhal menyang sala awit saking layangipun Bu Gedhe ingkang ndangu menwai putranipun sampun pitung sasi medal saking griya boten wabgsul-wangsul. Asmanipun putra Raden Mas Sutanta. Rapingun sanjang menawi sampun pitepangan kaliyan Raden Mas Sutanta wonten Magelang, nalika deweke dadi jongosipun walikota.
 Wekdal ningali potretebapak lan ibu gedhe Rapingun ketingal kaget, nanging sinamudana ing semu. Rapingun banjur kacariyos dalah Raden Mas Tanta ingkang dipun kirimi layang dening Bu Gedhe, Rapingun lajeng apil sanget pagunemanipun serat punika. Rapingun sanjang menawi sebabipun Raden Mas Tanta medal saking griya yaiku namung lingsem dening kawedalaken saking padaleman, sebab katut pangiridan menika, lajeng badhe ngulandara nuruti grenjeting karsa.
Sesampunan ceriyos dalah Raden Mas Tanta, Raden Ajeng maringi tandha mata dening Rapingun. Sebab sampun nulungi kala semanten.

PAMIT
Dinten sebtu Rapingun sampun angsal medal saking griya sakit. Jangkep tigang munggu Rapingun wonten griya sakit. Tanganipun sampun mari. Let setengah wulan. Rapingun ketingal susah. Bab anggenipun tampi tandha mripat saking Raden Ajeng boten ngegoni manah, awit anggenipun nyukani lan nampeni sadaya kanthi manah suci, sepen saking melik ingkan boten jujur, dados kalih-kalihipun pitados, bilih boten ngawontenaken punapa-punapa ingkang kirang sae.
Pinten-pinten dinten Rapingun boten saged tilem ing satunggiling dinten, Raden Ayu mlebet wonten ing patilemane Rapingun. Raden Ayu kaget awit  mirsani Rapingun lungguh ing patileman, mripate langkung abrit awit saking nanges kang sampun dangu.
Anggenipun Rapingun sedhih yaiku sampun kangen dening tiyang sepuhe. Rapingun banjur nywun wekdal setunggal sasi kagem wangsul lan tuwi tinyang sepuhe.

SERAT SAKING RAPINGUN
Nuju dinten setu jam sekawan sonten. Raden Bei Asisten Wedana lelenggahan kalihan putri, boten lami ingkang lelenggahan dumugi layang saking Rapingun.
Layang wau banjur diwaos, wonten layang rapingun sanjang, menawi boten badhe balik dados supir wonten ngasistenan, ananging Rapingun badhe ngulandara manosi Raden Mas Sutanta.
LET NEM WULAN
Keleres dinten minggu, ing kampung Kwijen sawingkingKabupaten Pekalongan, wonten tiyang nemneman numpak sepedha motor Norton 6 PK, kendel wonten ngajenggriya Mantri Guru.
Wonten ngriku Den Bei asisten wedana sekaliyan lan Raden Ajeng Tien sumurp tiyang ingkang boten asing. Yaiku Rapingun, senajane Rapingun niku inggih Raden Mas Sutanta putra tunggal Bu Gedhe ingkang saweg ngulandara.

SESAMPUNIPUN WOLUNG WULAN
Dinten setu enjing Raden Mas Sutantakaliyan Raden Ajeng Tien sowan menyang. ngasistenan. Inggih, Raden Ajeng Tien kalihan Raden Mas Sutanta semanten sampun jejodhoan.
Sapunika Raden Ajeng Tien nembe ngidam ingkang pedes-pedes.





3 komentar: